Minggu, 24 April 2011

"Malang Pancen Rame"

Malam Minggu mlaku-mlaku sak kancane
Alun-alun wayah sore pancen rame
Mudo mudi gegojekan sak kancane
Sing dho pacaran gandhengan tangan dhek mesrae
Kutho Malang kuthane pancen rame
Pasar induk Gadang panggonane
Kulon lun alun menggok mesjid Jami'e
Ojo lali Arjosari terminale

Tahu tempe Sanan panggonane
Jalan Lombok terkenal soto ayame
Nyamikane kripik singkong jik nyamplenge
Aremania wis kondang sepak bolae

Pantai wisata ora ketinggalan
Papan kang edi ugo tempat pemandian
Balekambang misuhur ning kutho Bantur
Sendang Biru ning Sumber Manjing ojo kliru
Songgoriti manggon ning kutho Batu
Coban Rondho ning Pujon pancen ono
Bajul mati mas pancen ndudut ati
Ojo bingung sampeyan kari pilih ngendi

Yen ora ngandel ceritaku iki
Bukti'ake kutho Malang pancen asri
Wis kondang kaloko kutho Malang iki
Yen tindhak mriko kulo jamin pingin keri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar