Minggu, 24 April 2011

Iki Weke Sopo

wong yen lagi gandrung
ra perduli mbledhose gunung
wong yen lagi naksir
ra perduli yen perang nuklir

nadyan lagi bokek
direwangi nrethak nrethek
jarene wis jodo
opo opo duweke wong loro

wong yen lagi kepikat
ra perduli ndonya kiamat
wong yen lagi nyenengi
ra perduli lagi inflasi

nadyan ra duwe duwit
direwangi kredat kredit
jarene wis jodo
opo opo duweke wong loro

irung bangir duweke sopo ?
irung bangir yo duwekmu
lambe tipis duweke sopo ?
lambe tipis yo duwekmu

janggut nyatis duweke sopo ndhuk?
janggut nyatis yo duwekmu
bangkeane duweke sopo ndhuk ?
bangkeane yo duwekmu

iki piye 3 weke sopo ?
mesthine onok sing duwe
4x

Tidak ada komentar:

Posting Komentar